Bedane beras lan ketan

Wingi isuk aku maem sego, tapi kog rasane bedo yo? Sak wuse tak takonke marang mbah yut ku , eh jebule sing tak maem kui ora sego nanging ketan. Terus piye yo carane mbedakno ketan karo sego yen ono kasus serupo koyo mau. Nang ngisor iki hasil wawancaraku karo mbah buyut, tolong disimak yo!

1. Ketan kui luweh gedi buliran berase, sego buliran berase luweh cilik.

2. Ketan luweh lengket ketimbang sego. Lan ketan luweh pulen koyo pipimu.

3. Ketan rasane luweh gurih, sego rasane luweh manis yen dicampur gulo.

4. Ketan cocok digandengno karo parutan klopo. Sego cocok digandengno karo lawuh.

5. Sego enak digoreng, ketan enak dipangan.

Wis yo, iseh akeh perbedaane. Sing penting ojo sampek kliru maem ketan dijangani rawon, gak bakalan enak rasane rek.


Related Posts:

Bedane jambu klutuk, jambu air lan darsono

Salah sijine buah sing akeh ditandur ono ing pekarangan omah iku jambu. Malah saking gampange ditandur jambu mulai dikembangno dadi tabulampot (Tanaman Buah dalam Pot). Tapi sadar mbuh ora, jebule jenis jambu kui akeh banget. Antarane ono jambu klutuk, jambu air lan jambu darsono. Trus opo bedane?

1. Jambu klutuk orapati mirip karo jambu liyane, malah ono sing ngarani iki ra termasuk jambu, nanging nang Indonesia wis kadung diarani koyo mengkunu . Bentuke bunder sak kepel lan akeh wijine, mulo jambu klutuk diarani jambu biji. Biasane daging buahae kandel werno merah muda ugo ono kang werno kuning krem. Jambu iki terkenal akeh kandungan vitamin C ne. Mulo sering didadeake minuman kemasan.

2. Jambu air, yoiku jenis jambu sing paling akeh kerabate. Bentuke bunder kerucut lan rasane legi kecut. Kulite werno abah cerah lan daging buahe werno putih tur renyah. Akeh kandungan cairane mulo diarani jambu air. Wijine utoh siji ndil koyo krikil.

3. Jambu darsono ugo diarani jambu bol jamaika.  Bentuk lan cirine mirip jambu air, nanging luweh mirip karo apukat ukuran cilik. Wijine ugo luweh gede. Daging buahe putih lan anduweni kulit werno abang tuwo, mulo dienggo cemilan wong ngidam beno anake lambene abang koyo sulaman lambe artis. Jambu iki anduweni ambu wangi kang has.

Piye rek sih ra paham opo bedane? Jajal takono bakul buah nang pasar, nek menowo penasaranmu biso ilang. Ojo lali aku ditumbaske yo rek!!!


Related Posts:

Bedane kodok kintel karo bedindang

Kodok yoiku hewan sing iso urip nang rong alam ugo anduweni kulit sing ora mulus alias kasar tur nggilani. Umume wong ngroso jijik namung kerono ndilok kodok, opo maneh ndemek kulite. Tapi sebagian malah ono sing ngingu kodok dadi hobi utowo hiasan. Kodok ingon biasane jenis bulfrog, nanging ono kodok kampung sing ra kalah populer nanging ora diingu. Yoiku kodok bedindang lan kintel. Banjur opo bedane?

1. Kintel termasuk jenis kodok bulfrog, anduweni suworo nyaring lan bentuke mlentung koyo bantal, uripe akeh nang banyunan. Yen didemek kadang muncrat metu banyune. Jare wong sepuh cairan kui bahaya yen keno kulit utowo mripat. Sing omahe sanding sawah mesti ra pangling karo kodok jenis iki.

2. Bedindang yoiku kodok sing bentuke dowo tur kuru. Kerono karo pengeran didesain biso mencolot duwur. Bahkan iso nempel tembok koyok tokek. Bisane kodok bedindang manggon nang wit-witan, bahkan terkadang mlebu omah lan pencolotan. Mulo pean ojo kakean polah ben ra diarani bedindang.

Tak kiro wis jelas opo bedane kodok kintel lan bedindang. Mugo-mugo ono manfaate yo rek!!!


Related Posts:

Opo bedane jas lan blazer

Jas lan blazer saiki wis dadi sandangan kang umum nang kalangan masyarakat. Jas wis dikenal masyarakat rondok suwe, tepate wiwit tekane Londo lan wong Eropa nang Indonesia. Nanging jaman saiki ono sandangan sing mirip jas bentuke, yoiku blazer. Ngertio yo rek, yen jas karo blazer iku ono bedane. Senajan potongane mirip. Banjur opo wae bedane?

1. Jas kulino disandang bareng karo kemeja, dasi lan sak pinunggalane. Yen blazer kui bebas digandengake opo wae, termasuk isih pantes yen dinjerohi kaos.

2. Jas kui setelane celono werno senada. Yen blazer kui bebas digatokne karo celono opo wae, misal jeans, pensil lsp.

3. Jas kui dienggo nang acara formal, yen blazer biasa dienggo nang acara casual (santai).

4. Jas dikuncarakno songko wong eropa, yen blazer mulai dadi tren awale songko Korea.

Wis podo ngerti kan bedane jas lan blazer. Mulo ojo sampek salah nganggo yo rek!!! Mundak isin-isini.


Related Posts: